Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Syiir Birul Walidain



Lirik Birul Walidain Habib Syech

Duh pangeran kulo nyuwun pangapuro
Kangge tiyang sepah soho guru kulo
Ugi kangge kulo lan muslim sedoyo
ing mekah madinah lan sak alam dunyo

Duh pangeran kulo nyuwun kesaenan
Kanggo poro putro lan putri harapan
Mugi saget nerusaken perjuangan
Njagi islam lan akidah keimanan

Duh pangeran kulo nyuwun kawelasan
kanggo poro guru kang paring tuntunan
Tuntunan agami soho sesrawungan
Ingkang manfaati ing gesang bebrayan

Mugi gusti ALLAH ngumpulake kito
Ugi tiyang sepah lan guru sedoyo
Sareng nabi lan wong kang sholeh ing surgo
Mugi ALLAH mboten nolak donga kito

Mugi kito sedoyo khusnul khotimah
Ing akhire mongso nalikane pejah
Sholawat lan salam selawase mongso
Mugi katur ing nabi kang nulung kito

FITRIANTO ALTHAF

Post a Comment for "Syiir Birul Walidain"